Alamate wong dadi wong gedhe yaiki kepethuk nabi Khidir.
Ilmu sejati iku ning atine kyai (ulama'), ora ning kitab. Kapan kyai ntek ya kiamat.
Gusti Allah duwe ndalem sing ketok, mesjid. Sing ora ketok, ati.
Kyai tambah sepuh tambah gagah.
Ilmu sing mutiara-mutiara iku kesimpen, sing isa marisi ya turunane Rasulullah SAW.
Ulama mbiyen dhawuhe boten kathah, nanging barokahe gedhe.
Semakin banyak keinginan semakin bingung.
Ati panggonane eling Gusti Allah.
Rizki, ilmu, Qur'an, santri iku tamu. Kesenangan iku tamu. Manggone ning omah sing resik. Omah sing resik niku ati.
Ibadah ati akeh banget. Seneng Allah. Sayang marang liyan.
Wong kapan ngerti ilmu agama bakal dilebokke suwargo. Wong kapan diparingi husnul khatimah, mangka diparingi kesempatan sinau ilmu agama.
Wong nek dikersakke Pengeran su'ul khotimah, ditakdir ora seneng maring ulama'.
Ilmu niku bekta barokah gedhe.
Wong kapan apik tenan bakal ditata Allah.
Yai Marzuqi : awakku aja susah nek ora duwe pondok duwe santri merga awakmu duwe ilmu sing isa gawe cedhak maring Gusti Allah. Aja nganti lali maring kewajibane. Saking nemen mikire keadaan, nganti lali kewajiban.
Ulama iku kaya kali-kali. Duwe dalane dhewe2. Cocok-cocokan.
Kapan wong roh Pengeran nemen, ora pati roh dunya. Kapan wong roh dunya nemen-nemen, ora pati roh Allah.
Pondok sarang karo pondok kasingan hubungane cedhak. Mbah Kholil Kasingan asli sarang. Mbah Kholil duwe mantu Mbah Bisri. Mbah Bisri gadhah putra Mbah Mus.
Dalam salah satu kitab karangan Mbah Moen ,Imam Baha'ddin naqsabandi dhawuh "Senengana ulama. Allah seneng ndelok atine ulama. Menawa2 jenengmu ana ning kono. Amal sing gampang nyedhakke marang Allah"
Ulama' niku bekta barokah, bekta sirr.
على العاقل أن يكون عارفا بزمانه
Wong sing duwe akal kudu isa maca zaman.
الصوفى ابن الوقت
Ahli tasawuf kuwi ngerti wayahe.
Wong Islam saiki wayahe maju. Ilmu iku berkembang terus. Nek ibadah pancet. Dadi apa wae kudu liLlahi ta'ala.
Qoidah: kapan ana perkara dadekna wong kafir susah mangka apik kanggo wong muslim. Sing dadekna wong kafir seneng, elek kanggo wong Islam.
Qultu: pembawaan beliau sangat mirip sang kakek, yakni Mbah Moen. Semoga barokah untuk kita semua. Aamiin.